Virnie Ismail

Virnie Ismail
Lair (1979-08-24) Agustus 24, 1979 (umur 44)
Bandung, Jawa Kulon, Indonésia
PakaryanArtis, Komèdian

Virnie Syafitri Ismail (lair ing Bandung, Jawa Kulon, 24 Agustus 1979; umur 44 taun) ya iku salah siji juru main sinétron lan uga pelawak Indonésia kang ditepungi dadi juru main centil lan sèksi ing acara komèdi Extravaganza kang diputer TransTV.[1]

Virnie miwiti karir ing layar kaca Indonésia ing sinétron Lobi-Lobi (1996).[1] Banjur, finalis Mojang Parahyangan 1996 iki main ing sinétron kaya ta, Babe, Bulan Berkaca, Kabut Sutra Ungu, Si Toloy lan Jaka Gledek.[1] Nanging dhèwèké kondhang wiwit mèlu dadi anggota ing acara komèdi Extravaganza ing taun 2004.[2]

Taun 2002, Virnie nyoba donya panglipur ing filem layar amba kang judhulé Rembulan Di Ujung Dahan bareng karo aktris sénior, Ira Wibowo garapan sutradara Garin Nugroho.[2] Patang taun sawisé, Virnie bareng Anjasmara, Maya Hasan, lan Djenar Maesa Ayu main ing filem Koper (2006).[2]

  1. a b c Virnie Ismail(09 Juli 2011)
  2. a b c Virnie(09 Juli 2011)

© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search